Kamis, 24 Oktober 2013

Analisis Cerkak


Kelompok :
Annisa Indira Prakacita   (05), Annisa Romadhona Widodo (06), Chandra Elsatiti (07), Wida Mazayya Salasin (31) Kelas :VII H

I. Cerkak :
Nonton Barongsai
Nalika tekan sangarepe bengkel sepedha montor Maju Lancar, Rendi ndeleng Tarmidi lagi lungguh ing bangku dawa njero bengkel kono. Rendi banjur ngenggokake sepedha onthele, nyedhaki Tarmidi. Lik Sardi sing duwe bengkel uga ngrangkep tukang servis lagi nyambut gawe nyethel knalpot. Tangan kiwa lan tengene gupak oli.
“Wah, sajake sepedha montor anyar iki duwekmu, Di ?” pitakone Rendi  nyedhak karo milang-miling ngingeti sepedha montor sing ketara isih gres mambu toko.
“Ya, olehe tuku isih entuk patang dina. Entuk kiriman dhuwit saka Ibu sing nyambut gawe ana Malaysia, njur aku ditukokke sepedha montor. Saiki Lik Sardi takkon nyetel knalpote ben unine banter nggo trek-trekan  Imlek mengko bengi,“ aloke Tarmidi karo mesam-mesem seneng, sajak kepranan karo sepedha montore sing modhel anyar kuwi.
“Lho, iki mau Rendi, to? Piye knalpote iki wis tak setel, unine mesthi banter mbrebegi kuping.  
Piye Ren, kowe sida melu Tarmidi trek-trekan mengko bengi?“ sumambunge Lik Sardi karo nyetater mesin sepedha montor. Byuh, unine  jan mbedhah kuping tenan. Rendi  meksa nyumpeti kupinge kiwa tengen nganggo drijine. Suwalike Tarmidi malah ngguyu lakak-lakak, sajak seneng banget.
“Piye wis cocog  ora. Yen isih kurang banter mengko tak bedhele maneh” pitakone Lik Sardi karo mateni kontak mesin.
Wis cukup Lik. Piye Ren, sida gelem melu trek-trekan karo aku pa ora?” pitakone Tarmidi. Rendi  mung gedheg, ora gelem. Karo maneh wong tuwane mesthi ora ngijini.
“Ora, aku wedi. Aku arep ndeleng Barongsai wae,” kandhane Rendi banjur pamit mulih.
Tarmidi najan isih bocah kelas siji  SMP, nanging  nakale ora jamak. Yen ing sekolah wis ora pisan pindho padu karo kanca-kancane. Uga wis bola-bali didukani gurune, nanging meksa durung ka­pok. Omahe kepetung cedhak karo omahe Sasono. Ibune nyambut gawe dadi Tenaga Kerja Wanita ing negara Malaysia. Ing ngomah, Tarmidi mung bebarengan karo bapake sing saben dinane nyambut gawe dadi Satpam ing pabrik sepatu.
Tekan omah, Rendi  banjur ngaturake obat watuk marang bapake, sing dhek mau tuku saka tokone  Abah Kamal. Bubar kuwi Rendi  banjur ngrewangi ibune resik-resik nyaponi ruwang tamu. Rendi  seneng awit bapak lan ibune janji ngajak mirsani pagelaran Barongsai mapak tekane taun Imlek sing digelar sangarepe klentheng sacedhake alun-alun kutha.
Jam loro awan sidane Rendi ndherek bapak lan ibune menyang alun-alun. Wong telu boncengan numpak sepedha montor ngupengi kutha sing pancen swasanane rame. Sadalan-dalan kebak wong lan kendharaan. Sajake kabeh wong padha selak kepingin ndeleng kesenian Barongsai, ngramekake tekane  taun  Imlek.
Ing alun-alun swasanane regeng banget. anang wadon gedhe cilik, nom tuwa tumplek bleg ngebaki alun-alun kutha. Wong adol panganan maneka warna. Apa maneh sing jenenge tukang bakul dolanan prasasat payu laris manis nganti entek gusis. Pas jam telu awan, pagelaran Barongsai diwiwiti. Swarane jidhor lan tambur ditabuh rame banget. Ora let suwe, siji mbaka siji grup Barongsai  tampil ing plataran klentheng sing jembar. Grup Barongsai padha mamerake ketrampilane dhewe-dhewe. Para pamirsane uga padha seneng, malah kepara menehi semangat nganggo keplok.  Semono uga Rendi ora gelem keri, nonton nggon ngarepan. Apamaneh nalika grup Barongsai Dragon melu ngregengake pagelaran kuwi, Rendi melu keplok rame. Awit grup Barongsai Dragon kuwi dipimpin dening Koh Bak Liong, salah siji tangga cedhak omah nunggal RT.
Pagelaran Barongsai Imlek kuwi sajake uga narik kawigaten para wartawan suratkabar lan televisi. Ketara saka  kerepe para wartawan njupuk gambar atraksine Barongsai. Warta lan gambar Ba­rongsai kuwi bakal kapacak ing suratkabar utawa ditayangake ing televisi.
Pagelaran Barongsai mapak tekane taun anyar Imlek dipungkasi pas jam setengah lima sore. Rendi bebarengan bapak ibune bali mulih. Ora lali, mampir bakul adol kacang godhog lan martabak. Ibune sing tuku, jarene nggo camilan melekan ing omah ngiras nonton siyaran televisi.
Nalika sepedha montor lagi wae mlebu gang kampung, dumadakan ing sangarepe omahe Tarmidi katon kebak wong. Sepedha montor banjur mandheg. Wong telu banjur padha mudhun nyedhaki, golek katrangan ana kadadeyan apa.
“Tarmidi kacilakan, truk ngemot pasir pinggir dalan ditubruk saka mburi. Sepedha montore ringsek. Bocahe teng griya sakit, tatune sajake rada abot,” aloke sawenehing warga.
“Oooaalaa bocah durung cukup umur lha kok diumbar wae nyetir dhewekan, apa maneh ora duwe SIM pisan,” sumambunge warga liyane semu nyalahake wong tuwane Tarmidi.
Keprungu yen Tarmidi nandhang kacilakan, sauntara Rendi mung dheleg-dheleg. Sebab dhek awan, Tarmidi meksa arep ngajak dheweke melu trek-trekan sepedha montor. Tujune pangajak mau ditolak. Saumpama Rendi sida melu ngono, banjur piye kadadeyane.
“Alhamdulillah, aku isih tansah pinaringan begja keslametan,” pangudarasane Rendi ing batin.
Kadadeyan sing dialami dening Tarmidi kena kanggo tepa tuladha, yen sok sapaa wae nindhakake samubarang tanpa petungan akeh sithike bakal nemoni apes. Kaya sing dialami dening Tarmidi, karepe ngono golek kasenengan, nanging temahan entuk kacilakan.

II. Analisis Cerkak :
a. Tema: kacilakaan sepedha motor
b. Latar: bengkel lik sardi,umahe rendi,alun-alun.
c. Alur: maju.
d. Tokoh: Rendi,Tarmidi,Lik Sardi,Ibu lan Bapak Rendi,Bapak lan Ibune  Tarmidi.
e. Watak: 
    - Rendi: manut marang wong tuwa,lan apikan.
    - Tarmidi:nakal,seneng padu karo kancane.
    - Lik Sardi:apikan,seneng ngilikake.
    - Ibu lan bapak Rendi:seneng ngilikake,apikan.
    - Ibu lan bapak Tarmidi:ora nguruisi anake.
f. Amanat:yen sok sapaa wae nindhakake samubarang tanpa petungan akeh sithike bakal nemoni apes.
g. Sudut pandang:wong katelu.



2 komentar:

  1. Do you realize there is a 12 word sentence you can say to your partner... that will induce intense feelings of love and instinctual attractiveness to you deep within his chest?

    That's because hidden in these 12 words is a "secret signal" that fuels a man's impulse to love, treasure and protect you with his entire heart...

    12 Words That Fuel A Man's Love Impulse

    This impulse is so built-in to a man's mind that it will drive him to work harder than before to take care of you.

    Matter of fact, fueling this influential impulse is absolutely essential to having the best possible relationship with your man that the instance you send your man one of these "Secret Signals"...

    ...You will instantly notice him expose his heart and soul for you in such a way he's never expressed before and he'll identify you as the only woman in the world who has ever truly interested him.

    BalasHapus