Tampilkan postingan dengan label Analisis Cerkak. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Analisis Cerkak. Tampilkan semua postingan

Kamis, 31 Oktober 2013

Andong lan Laler Cilik


 Cerkak
                                    
Jaman mbiyen ana andong nggawa momotan jambu kluthuk lagi mlaku saka
Selarong arep menyang Pasar Bantul. Jaman iku dalane isih
gronjal-gronjal digawe saka watu durung ana aspal. Nalika andong lagi
liwat dalan sing kebak wedi, ana laler cilik mencok ning nduwure
andong. Bareng karo mencoke laler, lakune andong malik rindik. Ora
amarga kabotan laler, nanging amarga rodane kepater dening wedi sing
mbleder ning ndalan.

Nanging rindike andong tumrap laler dianggep amarga kapencokan deweke.
“Wah andong iki dadi mlakune alon-alon, mesti merga jarane kabotan
awakku” pikire si laler kanthi ati bungah rumangsa paling abot sak
donya.
“Sapa sing iso nandingi abote awakku, ora ana kewan liya sing luwih
abot timbang aku!”.

Sakwise sakwetara mencok ning andong, laler banjur jeleh terus mabur
meneh. Nalika Laler mabur, andonge pas liwat dalan sing ora ana
wedine. Dadi lakune andong malik cepet maneh. Si Laler kang gegeden
rumongso tambah yakin menawa deweke abot tenan. “Weladalah, tak
tinggal sedilit wae, andonge langsung biso mlaku banter. Wah, nek
ngono aku iki abot temenan ya!” celatune si laler.

Laler banjur mikir, manawa deweke mencok ning andong karo ngobahke
sewiwine mestine si andong bakal mlaku luwih banter amarga kasurung
dening obahe sewiwi. Laler trus nyoba mencok maneh ning andong karo
ngobahke sewiwi. Dumadakan andong malik mlayu banter banget
ngedap-edapi. Laler kaget banget ngantek awake kontal saka andong.
Untunge deweke iso mabur sakdurunge tiba ning lemah.



Sajatine andong mau iso mlayu banter banget amarga dalane ndronjong,
Dadi lumrah menawa mlakune luwih banter wong diewangi gravitasi bumi.
Nanging lelakon itu agawe Laler dadi tambah ge-er. Trus
mbengok-mbengok marang jarane andong.. ‘Sorry, sorry Kang Jaran, aku
salah ngukur kekuatanku. Anggonku ngobahke sewiwi sajake kebanteren,
dadi andongmu mlakune banter banget. Sorry ya, sesuk maneh anggonku
ngobahke sewiwi rindik wae”. celatune Laler kanthi ati mongkok (Undil
Okt 09).

bacaan:
Tjrita Pantja Warna oleh S. Har, Penerbit PT. Jaker Jogjakarta


tags: blog bahasa jawa, cerkak, cerita cekak, cerita pendek bahasa
jawa, cerkak anak
Diposting oleh undil10/18/2009 08:01:00

Ngoceki Cerkak
(analisis cerkak)

Judul cerkak    : Andong Lan Laler Cilik
Pengarang               : S.Har
Sumber  : Tjrita Pantja Warna oleh S. Har, Penerbit PT. Jaker Jogjakarta

A.analisa
1.Tema          :  Kewan Kang Seneng Nudoh&Mentel

2. Paraga:Watak :   Laler.      Watak  :
-mentel                 : nalika laler mbengok-mbengok marang jarane andong..
‘Sorry, sorry Kang Jaran, aku salah ngukur kekuatanku. Anggonku
ngobahke sewiwi sajake kebanteren, dadi andongmu mlakune banter
banget. Sorry ya, sesuk maneh anggonku ngobahke sewiwi rindik wae”
-seneng nudoh    : nalika laler miker “Wah andong iki dadi mlakune
alon-alon, mesti merga jarane kabotan awakku”.  pikire si laler kanthi
ati bungah rumangsa paling abot sak donya & ngomong Weladalah, tak
tinggal sedilit wae, andonge langsung biso mlaku banter. Wah, nek
ngono aku iki abot temenan ya!”

3.Setting               :  -Papan       : Dalan Tumuju Pasar
                           -Wektu       : Nalika Andong Arep Ning Pasar
                                   -Suasana     :
-mbingungake    : nalika laler mikir awake laler iku sek paling abot sak donya
-nyedihake              : nalika laler tiba saka jarane dokar sek lakune dadi cepet
-nyenengake     : nalika laler bangga bisa nggawe cepet lakune jaran
4.Alur                  : Maju

5.Sudut Pandang : Laler kang usil lan seneng seneng nganggep yen
marang liyane lan awake dewe

6.Amanat                :  - Aja Pada seneng nudoh yen awake dewe iki
                           Paling apik,elek,pinter,bodho…… lan sak jenise
   -Aja seneng nudoh liyane sek ora bener
-Aja mikir sing aneh-aneh sing gawe bingung lan ora mlebu akal


Nama    : Muhammad Zahwan Rafiadzkay
No.Abs  : 18
Kelas   : 7a
Sekolah : SMP N 1 Wonosobo

Minggu, 27 Oktober 2013

Balapan


Cerkak

Ing jaman iki akeh bocah cilik ingkang pada iso nunggang motor. Salah sijine Aji Iingkang ngumur sewelas tahun utawa kelas lima SD. Merga wis ngrasaake kepenake nunggang motor, dadi biasane Aji yen dolan-dolan nganggo motor. Menawa minurut Negara sing oleh numpak motor iku tiyang kang uwis anduweni SIM utawa Surat Ijin Mengemudi.
Ing wayah sore, Fatih kancane Aji moro ing ngomahe.
“Ji, Aji…Aji….” Fatih bengak-bengok ing ngarep umahe Aji.
“Woi….dilit” Suarane Aji saka njero ngomah.
Let sadela suara pating gedebuk kaya ana lindu dirasake Fatih.
“ Wah…. Iki sapa sek tak goleki, lagi ngopo Ji kowe suwe banget?” pitakon Fatih marang Aji kang lagi mlayu marani Fatih.
 He..he..he lagi wae madang, Alhamdulillah wareg!”
“ Kadingaren dolan sore-sore, ana apa?”pitakone Aji.
“ Ayo mubeng-mubeng dalan kampung nganggo motor Ji. Engko balapan wis, gelem rak?” jawabane Fatih karo cengar-cengir.
“ Ayo!!! Paling sampeyan yo kalah mas bro.”
Sak banjure Aji mlebu garasi ngetokake motore.Treng… treng…teng…teng…teng… suara motore Aji lan Fatih kaya wajan kang ditutuki marang ibune Aji.
“ Siap rung Tih?” pitakone Aji kang wos siap balapan.
“ Siap Ji.”wangsulane Fatih.
“ Siji…loro…telu…”
Treng….treng…teng…teng,,, Aji lan Fatih pada banter-banteran numpak motor mubeng desa. Wong loro kuwi pada selip-selipan kaya balapan motor antarane Valentino Rossy lan Lorenzzo.
Ana ing pertelon Aji lali ora ngurupake klakson. Ora nyongko ing lawan arah ana bakul some. Aji kaget banget, dheweke bingung lan gugup.
“ Lik….lik….lik…awas!”
Grubyuk, klonteng, telepok-telepok-telepok. Some ka nana ing kwali pada mluncat ing lemah. Prarupane Aji lan Fatih mbalek sak utara dadi pucet kaya wong mati arep dikubur.
“Kepriye tah le? Nek numpak motor aja banter-banter. Daganganku temuplak kabeh, kepriye nek ngeneki?” pituture bakul some.
“ Kula nyuwun ngapunten pak, sak estu kula mboten sengaja” jawabe Aji kang keweden.
“Saiki daganganku wis ora payu, merga someku tok tumplekake. Kowe kudu ngijoli duit seket ewu”
“ Injih pak, kula tetep tanggung jawab. Kula tak mantuk rumiyin mendet arta.”
Akhire Aji lan Fatih tarikan selawe ewu-selawe ewu, kanggo ngijoli tukang some kang uwis ditabrak sewau. Sakwise kejadian numpak motor mau, bocah loro kuwi ora balapan ning kampung maneh.

Unsur intrinsik :
1.                                                                  Tema       : akibate ora patuh karo aturan lalu lintas
2.                                                                  Tokoh      :
·                                                        Aji : protagonis
·                                                        Fatih         : protagonis
·                                                        Bakul some        : protagonis
3.                                                                  Latar        :           sore (waktu), dalan kampung (papan), lan umahe                                                  Aji (papan)
4.                                                                  Watak tokoh     :
·                                                        Aji             : tanggung jawab, kedhel, lan gampang                                   dibujuki
·                                                        Fatih         : tanggung jawab, kendhel, lan seneng                                     mbujuk sing ora bener
·                                                        Bakul some        : wicaksana lan sabar
5.                                                                  Alur                            : Maju
6.                                                                  Sudut pandang : ana bocah kebut-kebutan nabrak bakul some
7.                                                                  Amanat   : Aja ngganggo motor sak durunge duweni SIM, aja seneng                                       balapan, aja gampang dibujuki lan dadi wong sing tang-                    gung jawab

Sumber : aniknurlaili.blogspot.com

Nama             : Muhammad Azzam Ayyasy
No. Presensi   : 19
Kelas              : VII H
Maple             : Bahasa Jawa

Aku Emoh Diijoli


Anggota Kelompok         : Febry Kurniawan (11)
                                        Yohanes Suroto Dwi Pamungkas (32)
Kelas                               : VII H

Aku Emoh Diijoli

Embuh kegawa kahanane wiwit cilik sing anane mung kecingkrangan, mlarat korat-korat, tansah direh lan dadi kongkonan, nganti diwasa Slamet ketemplokan rasa mindher lan asor. Wewarahe simboke wiwit cilik, anane mung kudu inggih. Lan pituwas apa wae sing diwenehake, embuh dhuwit sanajan ora mingsra, embuh pangan, pokoke kudu ditampa lan matur nuwun.
Awit kanthi mengkono kuwi simboke sing mung wong lugu iku entuk pangan. Pangan kanggo urip Slamet, anak siji-sijine. Slamet ora kelingan rupane bapake, jare olehe ora ana kawit dheweke umur siji setengah taun. Kandane simboke lara malaria.
Dhek isih cilik Slamet kelingan disambi-sambi buruh ngumbahi ing kali, diajak matun lan gaweyane tangga apa wae sing diburuhake. Kahanane Slamet tansah ora sangisore kanca-kancane sing anake wong cukup. Simboke tansah ngarem-aremi yen urip mono ora ajek, uger gelem mbudidaya mesti suwe-suwe diparingi dalan.
Slamet ngakoni yen simboke banget olehe mrihatinke dheweke. Saiki Slamet wis diwasa, lan wis mrakarya ana salah sawijining instansi pemerintah. Ganti dheweke saiki sing mikirake simboke. Simbok kepengin Slamet enggal rabi. Ning piye, atine Slamet mindheran, clingus. Kancane mung lanang-lanang, kanca wadon sasat tepung anthuk, ora akrab. Lik Kirjo, tangga cedhak sok ngguyoni.
“Mas Slamet, isih nunggu apa maneh? Mbok wis ndang rabi, selak tuwa lho”.
“Ajrih je, Lik, sinten sing purun kalih kula? Napa malih kula niki nggih dereng nate sir-siran”.
“Sing mbok wedeni kuwi apa, Mas? Kowe wis nyambut gawe mapan, omahmu wis bakuh, mbok saiki clingusmu kuwi diilangi. Ajar nyrawungi cah wedok. Aku tanggung Mas, nek akeh cah wadon sing gelem karo kowe”, kandane Lik Kirjo sing sipate mbombong.
Kerep digojlogi Lik Kirjo lan risi diundang kancane kanthi julukan jaka tuwa, Slamet dadi mikir rabi. Ning njur karo sapa? Gek piye carane nyedhaki bocah wadon? Wusana bareng olehe wis puteg tenan, banjur thukul gagasane Slamet. Niate arep pasrah wae karo Lik Kirjo, dikon nggolekake calon pisan. Pokoke angger cah ndesa, bocahe sing wangun, lan ora kakehan tuntutan.
“Ning ya kuwi, Mas Slamet, durung mesti yen kanggoku cocog, ning jebulane Mas Salmet ora seneng”.
“Lha, kula lak nggih kudu weruh bocahe dhisik, nek kula empun kandha cocog lan seneng..., lagi Lik Kirjo tumandang utawi ngrembag”.
“O...nek ngono ya becik. Dadi tugasku saiki madik-madik dhisik, mengko nek wis entuk titikan aku lagi lapur sliramu, ngono pa?”
“Ngaten nggih prayogi, Lik. Bab niki simbok nggih dereng kula criyosi”.
“Wow... nek mbokmu kuwi wis suwi kok, Mas, olehe rerasan pingin kowe ndang rabi”.
Sawise disambati Slamet, Lik Kirjo njur kelingan Marti anake Pak Pawiro ing Desa Slingo. Anake loro wadon kabeh, Darti lan Marti. Darti sing gedhe rada ora normal. Dene Marti lulus SMEA terus mandheg, merga ora duwe ragat nerusake kuliyah. Bocahe ireng manis, grapyak, semanak, pinter srawung, aktif ing kegiyatan desa.
Lik Kirjo lan Pak Pawiro wis tepung apik, merga omahe tangga desa. Gandheng karep sanja neng omahe Pak Pawiro, Lik Kirjo ngerti nek Marti isih legan. Pak Pawiro ya durung nampa rembug saka sapa-sapa. Mula Lik Kirjo banjur nembung marang Pak Pawiro.
“Kang Pawiro, upama... iki mung upama lho... saupama anakmu Marti dipek Slamet, kowe entuk ora, kang?”
“Nek aku, dhik Kirjo, ya entuk banget. Dhasar Slamet wis cekel gawe, bocahe kena disawang tur ketoke ora duwe lageyan sing neka-neka. Samono mau nek Si Marti gelem”, wangsulane Pak Pawiro kepenak.
Ora kaya bungahe Lik Kirjo, ateges jejibahan nggolekake bojo Slamet wis anak titik pandhang. Kari piye Slamet, seneng apa ora karo Marti. Nek seneng, njur Marti mengko gelem apa ora dirabi Slamet. Nek kabeh wis sarujuk tegese keri rembugane dimatengake.
Ora usah ditari sing kaping pindho, bareng ngerti Marti sing digathukake, Slamet gage saguh lan seneng banget atine. Nanging Slamet isih kepingin namatake kanthi mirunggan rupane Marti, lan kepingin krungu dhewe saka kupinge mungguh gelem lan orane dipek bojo.
Sidane, malem Minggu Lik Kirjo lan Slamet teka menyang omahe Pak Pawiro. Yen bocahe saguh karepe sisan nglamar. Uba rampene nglamar lan peningset dicepakake pisan.
Saya cedhak omahe Marti, atine Slamet nitir, antarane wedi lan isin. Bareng kabeh wis satata lungguh Lik Kirja mbukani rembug wigatine mertamu. Ing sajroning padha rembugan, korden lawang obah-obah, ora suwe kesusul jemedhule kenya ireng manis rambut dawa, sing nyangga baki isi wedang lan nyamikan, diseleh ing ngarepe sing padha jagongan, karo mesem pait madu. Pak Pawiro celathu:
“Kono nok, ngaturana sugeng rawuh marang Lik Kirjo lan Mas Slamet”.
Dhasar karo Lik Kirjo ya wis kenal apik, mula tembunge Marti grapyak:
“Sugeng Lik Kirjo!... Sugeng Mas..., sinten Pak asmane mase niki?” karo ngathungake tangan marang Slamet. Slamet sing clingus dadi salah tingkah. Nampani tangane Marti kanthi gemeter dheg-dhegan. Ewa semono eseme Marti sing aduhai ndayani atine Slamet dadi krasa tentrem.
Panyawange kedhep tesmak, njingglengi ora bosen-bosen. Sasat kabeh sing ana awake Marti, Slamet seneng. Luwih-luwih andheng-andheng sing ana bathuk ing tengah-tengahing alis, jian krasa manis banget. Slamet banjur kelingan bintang film India Pratnya Prabandari, sing tau ditonton nalika dijak kancane nonton layar tancep.
Bali saka nontoni, Slamet njur mothah karo Lik Kirjo, njaluk supaya age-age wae dirembug utawa diresmekake. Sing cetha Marti wis gelem dirabi Slamet. Dina sing wis ditemtokake, Lik Kirjo lan Slamet teka meneh ing omahe Marti. Mbrengkut gawan lain oleh-oleh. Ing sak klambi wis isi dhuwit, lan dompet isi ali-ali minangka tandha paningset.
Kaya sing ndhisik, sawise satata lungguh, Marti ngetokakke wedang lan nyamikan. Saiki Slamet wis wani nyawang lan ngajak ngguyu. Wosing rembug, Pak Pawiro nyaguhi, kapan lan dina apa anggone arep ningkahan. Pak Pawiro manut karo karepe Slamet.
Lagi padha penak-penake ngrahabi wedang lan nyamikan, dumadakan... bedhengus. Ana bocah rambute rewo-rewo metu, mripate jlalatan, saka cangkeme ilere kekotos. Bocah mau banjur lungguh srog njejeri Slamet karo kandha ora cetha:
“Mah... le dadi manten alo aku wae ya..., aku elem ok dadi ojomu. Owe lakya eneng to, mah alo aku...? Aku ya ayu ok... mah!” kandha ngono wanita mau karo ndhesel-ndhesel Slamet. Tangane grayahan nyekeli tangan lan dhengkule Slamet, ndadekake risi lan gila.
Pak Pawira gage ngadeg, tangane wanita mau dipengkang kareben uwal. Ewadene olehe ngrangkul Slamet saya kenceng karo bengok-bengok.
“Aja Pak, iki ojoku... ok, aku wae sing dadi anten... aku elem, sesuk Marti dijoli aku wae ya, Pak”.
“Yoh...yoh... sesuk kowe sing dadi manten, ning diculke dhisik, gilo Mas Slamet wedi”, kandhane Pak Pawiro karo nggeret tangane bocah mau.
Ewa semonosing digeretmalah banjur nyikep bangkekane Slamet, sing marahi saya jijik lan wedi. Kanthi ngetog kekuwatan Slamet mberot saka sikepane bocah wadon mau, tanpa pamit terus nggendring mlayu mulih kamigilan.
Let telung ndina saka kadaeyan iku, Lik Kirjo teka ing omahe Slamet terus lungguh ing lincak ngarepan, sing sok dienggo ngisis. Slamet weruh ning ethok- ethok ora ngerti lan njarag ora nemoni. Lik Kirjo ngerti yen Slamet cuwa, mula banjur mlebu tanpa kula nuwun.
“Mas... Mas Slamet, nesu pa kowe?”
Slamet banjur lungguh srog, njejeri Lik Kirjo karo kandha:
“Lik kula mboten sida rabi, rembuge dibatalke mawon. Kula niki wong waras lan bisa mikir, mosok kalih bapake Marti ajeng dientukake wong edan”.
Lik Kirjo ngguyu karo nata lungguhe.
“Mas Slamet, biyen aku rak wis tau kandha ta, nek anakke Pak Pawiro mono loro Darti lan Marti. Marti ya sing arep sampeyan pek bojo kuwi, dene Darti mbakyune, pancen bocah ora normal. Kerep digawa menyang rumah sakit jiwa.Mergane nek pas kumat medeni, malah sok gelem ngamuk, ya kaya dhek pas aku karo sampeyan mara peningsetan kae. Embuh sapa sing ngandhani yen adhine arep di pek uwong. Mula dheweke mjur stress berat lan njaluk didadekake manten. Ngerti calon mantene lanang sampeyan, mula njur sampeyan diuleng-uleng kae”, kandhane Lik Kirjo nerangke.
Lagi wae Lik Kirjo meneng, saka kadohan katon teka Pak Pawiro ditutke Marti. Atine Slamet dadi mak nyes... ayem. Karo mapan lungguh Pak Pawiro cluluk.
“Pangapunten mawon nak Slamet, nggih ngaten nika nek anak kula Darti kumat. Sakniki empun kula terke teng rumah sakit jiwa malih. Tembung kula nika namung kangge nyapih lho, nak Slamet, mboten estu. Napa enggih manten kok di ijoli”.
“Kula inggih emoh kok, Pak, nek diidoli, trima mboten sida rabi, idhep-idhep ngilangke peningset” kandhane Slamet.
“Ha nek kalih mburi kula niki pripun, nak?” pitakone Pak Pawiro karo noleh Marti. Marti sing ana mburine bapakne mung uwat-uwet dolanan pucuking klambi karo nyawang Slamet, kanthi mbalang esem manis.
Merga saking notol lan senenge atine, Slamet sing clingus iku gage nylingker neng mburine Pak Pawiro, ngrangkul Marti kenceng karo kandha:
“Nggih Marti sing pindha Pratnya Prabandari niki, Pak, sing tansah kula impi-impi, dados sisihan kula. Pokoke... kula emoh... yen diijoli”.

NB : Analisis-ipun pundi?

AMARGI ARTHA


Pengarang = ?
Sumber    = ?

Mak, Fahri budhal riyen, nggih”, seru Fahri ingkang sampun ngangge kemeja biru uga sruwal cemeng panjang seragam nyambut damelipun punika kaliyan kebujeng. 
“ngatos-atos, nggih, Nak”, tembung Emak.
Emak ingkang kebak asih tresna ugi mboten kesupen mbektakaken rantang sederhana konjuk Fahri. Fahri enggal bergegas mlebet datheng usungan dhusun ingkang menuju datheng daerah Anok, lokasi pabrik punika. Fahri anak ingkang sregep uga tlatos nyambut damel. ket kepejahan bapakipun 3 taun lajeng, piyambakipun ngengkenaken konjuk kendel kuliah. Padahal, piyambakipun sampun nyaged beasiswa saking SMA nya riyen, ingkang disumbangkan konjuk biaya kuliah Fahri ingkang cerdas punika. sedayanipun Fahri relakan demi emak uga adhinipun ingkang taksih SMP. kepejahan bapak Fahri mboten pertela uga aneh. bapak Fahri dipunprungonaken kenging gas beracun, enten ugi ingkang ngginemaken piyambakipun dipunpejahi. Fahri nyambut damel ing pabrik krambil sawit. dinten setunggal nyambut damel ing pabrik ageng nduwe nami “PT. Sawit Dinasti” punika 250 panyambut damel enggal dipunpertelakaken badhe padamelan piyambake sedaya, sisan dipunajak konjuk keliling pabrik uga areal kebonan. Fahri leres-leres mengagumi kesugihan sang panggadhah pabrik krambil sawit ini,“Wah, ageng pisan kebonan krambil sawit niki, beruntung panggadhah pabrik uga kebonan niki. samangi nasibku sami”. Lamunan Fahri enggal dibuyarkan dening kanca panyambut damelipun punika.
“Hey, punapa sampeyan melamun”, seru satiyang panyambut damel nduwe nami Anto ingkang nampaknya grapyak uga bersahabat.
“Ee, Eeh inggih kula.. kula mboten lamunin menapa-menapa kok, hehe. Oh inggih, nami sampeyan sinten? kula Fahri.” “kula Anto, nih sampeyan sanguh ningal piyambak”, seru Anto kaliyan nunjukaken naminipun ingkang keserat ing inggil kantong kemejanipun.
“Okay, siro sedaya yaiku panyambut damel enggal ingkang badhe ndherek majengaken pabrik niki. Kali sedaya kedah sregep, mboten paling alon, semangat lebet nyambut damel, uga antusias. kita sedaya badhe ningali proses pengolahan krambil sawit ngantos dados lisah goreng kemasan. padamelan siro badhe dipunpara sami bidang siro. Kali badhe praktik mengolah krambil sawit benjing enjang, sami kaliyan menapa ingkang kami wucalaken mangke. sakmenika kita sedaya menuju datheng pabrik!” seru klintu satiyang panyambut damel ahli ingkang sampun 15 taun nyambut damel ing pabrik niki.
Fahri mboten nate miyambakipun-nyiakan elmi ingkang badhe piyambakipun saged ing pabrik niki, keterampilan ingkang mboten dipunwucalaken ing sekolah biyasa badhe piyambakipun saged ing pabrik niki. Fahri salajeng ngginakaken wanci kaliyan sae. senaosa sakmenika piyambakipun mboten kuliah malih, buku-buku kuliah ngantos semester akhir pun taksih asring piyambakipun waos. pak Tony, senior para panyambut damel enggal punika nempuhaken kados pundi nyapihaken krambil sawit nduwe kwalitas uga ingkang kirang sae, mengolahnya dados lisah, ngantos metode panjenen. kajawi enten tes keserat, benjing enjang ugi dipunentenaken tes praktik mengolah krambil sawit dados lisah goreng. Fahri ngeling uga mencerna pamertelan pak Tony kaliyan sae, uga bahkan piyambakipun nyatet hal-hal wigati ing notes alit gadhahipun kala kuliah riyen.
“mak, Emak.. Fahri mantuk, mak!”, seru Fahri ingkang katingal riang saksampune mandhap saking usungan dhusun.
“inggih, Nak. ngga gelis adus uga enggal tedha sambal traos keremenan sampeyan”, Emak enggal merapikan meja tedha.
“Mas Fahri, ngga cepet adusipun, kajengipun kita sedaya tedha sami-sami” seru adhi estri Fahri punika. saksampune tedha sareng keluarganya punika, Fahri berbincang-bincang sekedhap kaliyan ibunipun ngengingi panyambut damelanipun dinten niki. Emak keningal sekedhik gelisah dalu punika, piyambakipun kados kersa ngginemaken samukawis ing Fahri.
“Nak, saleresipun..”, Emak ragu ngginemaken samukawis ngengingi kepejahan bapakipun. rai emak muram uga keningal sedhih.
“inggih, mak? enten menapa?” taken Fahri penasran.
“wau kanca nyambut damel bapak sampeyan, pak Kardi, ingkang sampun pensiun datheng datheng mriki, uga piyambakipun nampak kajrihan uga kebujeng. akhiripun, Emak uga pak Kardi berbincang-bincang lirih ing lebet kamar amargi Emak ningal segerombolan jaler nduwe badan ageng uga kekar mbujeng pak Kardi. pak Kardi sanjang, bapak sampeyan sanes pejah amargi gas beracun, nanging amargi dipunpejahi dening segerombolan jaler punika uga disemprot gas beracun konjuk ngremengaken piyambakipun. pak Kardi ningal piyambak menawi segerombolan jaler punika menyemprotkan gas beracun kajengipun katingal kados kecelakaan ing pabrik. pak Kardi dipunprungonaken pejah saksampune 3 jam piyambakipun mengker griya kita sedaya. dados sampeyan kedah ngatos-atos nggih, Nak. prungonipun, panggadhah pabrik uga kebonan punika korupsi epah pegawai, asring memecat pegawai tanpa alasan, uga asring membayar pamejahi bayaran konjuk mejahi tiyang ingkang mengsahipun. kathah pegawai sampun menuntut nanging ujungnya piyambake sedaya dipenjarakan.”
“Oh, mekaten mak. Fahri kedah mangertos napa leres mekaten. Fahri sampun ikhlas bapaknya pejah, nanging amerginipun kedah pertela, mak. niki sampun dalu mak. tilema” Fahri mlebet kamar konjuk sinau ngengingi pengolahan krambil sawit wau konjuk njagikaken tes benjing.
“inggih, Nak” wangsul ibunipun alon.
Fahri mboten telas manah ngengingi hal punika. piyambakipun eling kenangan sae sareng bapakipun uga mboten kraos piyambakipun pun nular. piyambakipun nampak mekaten geram uga dengki, nanging menapa daya, piyambakipun sampun mengikhlaskan kekesahan bapakipun.
Keesokan dintenipun, Fahri sampun wungu enjang-enjang. gebag 05.00 enjang, piyambakipun sampun ngresikaken griya, halaman, uga njagikaken sarapan konjuk adhinipun. piyambakipun lajeng kesah adus uga enggal sarapan lajeng budhal datheng pabrik kaliyan angkot butut ingkang biyasanipun piyambakipun tumpangi. sangantosipun ing pabrik, sedaya panyambut damel antre konjuk mendaftar tes pangunjukan jurusan nyambut damel.
Fahri nyaged nomor urut 099 uga tes badhe dipunawiti gebag 07.30 tepat. Tiba gentosan Fahri ndhereki seleksi. Soal demi soal ingkang materinya mboten dipunsegahaken saged Fahri wangsul uga tes praktik kaliyan gampil Fahri lajengi. Tentu, Fahri ngerti ngengingi krambil sawit berkat buku kumal bapakipun ingkang taksih disimpan ing lemantun sinaunipun. wanci sampun nunjukaken gebag 11.45, 15 menit malih yaiku wanci pengumuman pangunjukan nyambut damel. Berkas peringkat pun sampun ditempel ing papan pengumuman sisih meja absensi pegawai. uga dipunmriku keserat, Fahri nyaged peringkat 2 uga mlebet datheng cabang nyambut damel, riset uga penelitian kwalitas produk uga badhe. punika yaiku cabang nyambut damel terelite ing upadosan pengolah badhe entah. Fahri mekaten bahagia mlebet datheng jurusan punika.
mboten kraos 1 wulan sampun nglajeng uga Fahri nyaged epah setunggalipun ingkang sanjang ageng konjuk ukuran panyambut damel enggal. Fahri bangga uga sadereng mantuk, piyambakipun tumbas kotak petelot uga pirantos serat ingkang enggal konjuk adhinipun ingkang ugi enggal mlebet SMP. Fahri ugi mboten kesupen tumbas uwos uga kebetahan dapur bentenipun konjuk emak.
Esoknya, Fahri tercengang uga kaget amargi naminipun enten lebet daftar ingkang judulnya keserat ageng “DAFTAR PEGAWAI enggal ingkang DIPECAT amargi PELANGGARAN tatanan”. saknalika manahipun kados teriris uga leres-leres kuciwa badhe keputusan niki. enggal piyambakipun mengunjungi 9 tiyang pegawai bentenipun ingkang ngalami hal ingkang sami kaliyan Fahri. Dinda taksih nular terus ing njawi halaman pabrik.
“jebulna menapa ingkang kula harap mboten kedadosan salebetipun niki kedadosan ugi, niki leres-leres nyakitaken”, tembung Dinda ing kanca-kancanipun.
Dinda ingkang katingal mangertos samukawis akhiripun kendel nular uga mertelakaken samukawis ing kanca-kancanipun.
“embok alit kula yaiku mantan panyambut damel pabrik niki, piyambakipun ugi dipecat saksampune 3 wulan nyambut damel. piyambakipun mlebet lebet kunjukan riset kados kita sedaya. mboten sengaja piyambakipun mireng panggineman para eksekutif upadosan ingkang korupsi. kula mangertos punapa kita sedaya dipecat,” Dinda mengusap eluhipun.
“menapa amerginipun?” Fahri enggal menyambar yektosan Dinda wau.
“klintu setunggal saking kita sedaya ningali berkas kucuran dana upadosan uga mendhet berkasnya. nanging kula mboten mangertos sinten. dados, sakmenika kita sedaya lebet bahaya. piyambake sedaya badhe numindakake samukawisipun kajengipun berkas punika mboten bocor!”
“kula ingkang mendhet berkasnya”, seru Fahri lemas.
“sampun sampun, ngga kita sedaya ampun mendel begini. kita sedaya kedah sami mbiantu demi padamelan kita sedaya. kita sedaya kedah laporkan datheng pihak majib.”
Esok enjangipun 10 panyambut damel ingkang ing-PHK ngempal ing alun-alun kitha. piyambake sedaya menuju datheng pengadilan konjuk menuntun eksekutif uga panggadhah upadosan punika. mireng hal punika, para eksekutif uga panggadhah upadosan punika murka. piyambake sedaya enggal ngempalaken para pihak pengadilan ingkang terkait konjuk mengadili sidang kasus punika ingkang dipunwontenaken benjing enjang. Eksekutif punika menyuap setunggal demi setunggal saksi, jaksa, uga bahkan menyewa pengacara awis. Sidang nglajeng salebetipun 3 jam uga mbekta pikantuk ingkang nyakitaken, para eksekutif dipunyektosaken mboten nglintu uga sakmenika piyambake sedaya menuntut walik inggil pencemaran nami sae. piyambake sedaya dipuntimbali sidang benjing enjang uga dipunangsalakenaken mantuk sakmenika. lebet radin mantuk, setunggal demi setunggal kanca Fahri menelepon menawi badanipun dipunndhereki seseorang uga setunggal demi setunggal kanca Fahri ponselnya mboten sanguh dipunhubungi. sakmenika Fahri ningali segerombolan jaler ing wingkingipun. Fahri enggal mlajeng sagelisipun. dinten sampun gelap, uga Fahri wonten ing radinan sepen tanpa pangawisan. “DORR!”, setunggal peluru melesat menembus dhadha Fahri. Fahri lajeng tergeletak mekaten kamawon uga dipunkajengipunaken ing radinan. jebulna kanca Fahri enten ingkang disuap uga beberapa disandera konjuk ndamel yektosan palsu menawi badanipun numindakake pencemaran nami sae.
Emak sanget syok mireng prungon niki. Emak telepon polisi, sedaya tiyang ingkang dipunkintenipun sanguh nulungipun, mengunjungi pengadilan. Emak mekaten frustasi uga piyambakipun ndhereki sidang ngantos kaping 4 uga sedaya pihak terkait sidang sampun disuap dadosipun keputusannya Fahri ngalami kecelakaan, sanes dipunpejahi. Emak mangertos panggadhah upadosan punika licik dadosipun piyambakipun njagi ngajengaken banding. nanging blai, lebet saben radinanipun datheng kantor Mahkamah Konstitusi, piyambakipun dicelakai dening pamejahi bayaran. uga pisan malih amargi arta, keleresan ditundukkan.

ANALISIS CERKAK

Tema                                :  Artha
Alur                          :  Majeng
Latar tempat             :
1.      PT. Sawit Dinasti
    Fahri nyambut damel ing pabrik krambil sawit. dinten setunggal nyambut damel ing pabrik ageng nduwe nami “PT. Sawit Dinasti” punika 250 panyambut damel enggal dipunpertelakaken badhe padamelan piyambake sedaya, sisan dipunajak konjuk keliling pabrik uga areal kebonan
2.    Griya
    Pak Kardi dipunprungonaken pejah saksampune 3 jam piyambakipun mengker griya kita sedaya.


3.    Alun-Alun Kutha
    Esok enjangipun 10 panyambut damel ingkang ing-PHK ngempal ing alun-alun kutha.

Latar waktu               :
1.      Enjang
        Keesokan dintenipun, Fahri sampun wungu enjang-enjang. Gebag 05.00 enjang, piyambakipun sampun ngresikaken griya, halaman, uga njagikaken sarapan konjuk adhinipun. piyambakipun lajeng kesah adus uga enggal sarapan lajeng budhal datheng pabrik kaliyan angkot butut ingkang biyasanipun piyambakipun tumpangi. sangantosipun ing pabrik, sedaya panyambut damel antre konjuk mendaftar tes pangunjukan jurusan nyambut damel. Fahri nyaged nomor urut 099 uga tes badhe dipunawiti gebag 07.30 tepat.
2.    Siyang
        Wanci sampun nunjukaken gebag 11.45, 15 menit malih yaiku wanci pengumuman pangunjukan nyambut damel.  

Latar suasana            :      
1.      Seneng
    Uga dipunmriku keserat, Fahri nyaged peringkat 2 uga mlebet datheng cabang nyambut damel, riset uga penelitian kwalitas produk uga badhe. punika yaiku cabang nyambut damel terelite ing upadosan pengolah badhe entah. Fahri mekaten bahagia mlebet datheng jurusan punika.

2.    Kuciwa
    Esoknya, Fahri tercengang uga kaget amargi naminipun enten lebet daftar ingkang judulnya keserat ageng “DAFTAR PEGAWAI ENGGAL INGKANG DIPECAT AMARGI PELANGGARAN TATANAN”. saknalika manahipun kados teriris uga leres-leres kuciwa badhe keputusan niki.
3.    Nyedhihaken
    Fahri enggal mlajeng sagelisipun. dinten sampun dalu, uga Fahri wonten ing radinan sepen tanpa pangawisan. “DORR!”, setunggal peluru melesat nembus dhadha Fahri. Fahri lajeng tergeletak mekaten kamawon uga dipunkajengipunaken ing radinan.
Tokoh                       :                                                                               - Emak
        - Fahri
        - Anto
        - Pak Tony
        - Dinda
Watak                       :
1.      Emak
1.      Penyayang
    “Emak yang penuh kasih sayang juga tak lupa membawakan rantang sederhana untuk Fahri.”
2.    Membela yang benar
    Emak tahu pemilik perusahaan itu licik sehingga ia bersiap mengajukan banding.

2. Fahri
1. Cerdas
                “Padahal, ia sudah mendapat beasiswa dari SMA nya dulu, yang disumbangkan untuk biaya kuliah Fahri yang cerdas itu.’’
3.    Mandiri
    Keesokan harinya, Fahri sudah bangun pagi-pagi. Pukul 05.00 pagi, ia sudah membersihkan rumah, halaman, dan menyiapkan sarapan untuk adiknya. Ia langsung pergi mandi dan segera sarapan lalu berangkat ke pabrik dengan angkot butut yang biasanya ia tumpangi.
3.  Anto
                1. grapyak
“Hey, punapa sampeyan melamun”, seru sati seng panyambut damel nduwe nami Anto ingkang nampaknya grapyak uga bersahabat.
4. Pak Tony
                1. Remen mertelakaken
                        Pak Tony, senior para panyambut damel enggal punika nempuhaken kados pundi nyapihaken krambil sawit nduwe kwalitas uga ingkang kirang sae, mengolahnya dados lisah, ngantos metode panjenen. kajawi enten tes keserat, benjing enjang ugi dipunentenaken tes praktik mengolah krambil sawit dados lisah goreng. Fahri ngeling uga mencerna pamertelan pak Tony kaliyan sae, uga bahkan piyambakipun nyatet hal-hal wigati ing notes alit gadhahipun kala kuliah riyen.                                                                                                                                                                                                                                                           5. Pak Kardi
                1. Jujur uga kendhel
                        “Emak uga pak Kardi berbincang bincang lirih ing lebet kamar amargi Emak ningal segerombolan jaler nduwe badan ageng uga kekar mbujeng pak Kardi. pak Kardi sanjang, bapak sampeyan sanes pejah amargi gas beracun, nanging amargi dipunpejahi dening segerombolan jaler punika uga disemprot gas beracun konjuk ngremengaken piyambakipun.”

Amanat                     :
1. Ampun licik.
2. Ampun remen mejahi.
3. Ampun remen nyuap kaliyan arta.



Nama kelompok         : 1. Dennis Yesaya M./8
                                 2. Fastabiqul Hakim T. /10
Kelas                        : VII H