Minggu, 27 Oktober 2013

Aku Emoh Diijoli


Anggota Kelompok         : Febry Kurniawan (11)
                                        Yohanes Suroto Dwi Pamungkas (32)
Kelas                               : VII H

Aku Emoh Diijoli

Embuh kegawa kahanane wiwit cilik sing anane mung kecingkrangan, mlarat korat-korat, tansah direh lan dadi kongkonan, nganti diwasa Slamet ketemplokan rasa mindher lan asor. Wewarahe simboke wiwit cilik, anane mung kudu inggih. Lan pituwas apa wae sing diwenehake, embuh dhuwit sanajan ora mingsra, embuh pangan, pokoke kudu ditampa lan matur nuwun.
Awit kanthi mengkono kuwi simboke sing mung wong lugu iku entuk pangan. Pangan kanggo urip Slamet, anak siji-sijine. Slamet ora kelingan rupane bapake, jare olehe ora ana kawit dheweke umur siji setengah taun. Kandane simboke lara malaria.
Dhek isih cilik Slamet kelingan disambi-sambi buruh ngumbahi ing kali, diajak matun lan gaweyane tangga apa wae sing diburuhake. Kahanane Slamet tansah ora sangisore kanca-kancane sing anake wong cukup. Simboke tansah ngarem-aremi yen urip mono ora ajek, uger gelem mbudidaya mesti suwe-suwe diparingi dalan.
Slamet ngakoni yen simboke banget olehe mrihatinke dheweke. Saiki Slamet wis diwasa, lan wis mrakarya ana salah sawijining instansi pemerintah. Ganti dheweke saiki sing mikirake simboke. Simbok kepengin Slamet enggal rabi. Ning piye, atine Slamet mindheran, clingus. Kancane mung lanang-lanang, kanca wadon sasat tepung anthuk, ora akrab. Lik Kirjo, tangga cedhak sok ngguyoni.
“Mas Slamet, isih nunggu apa maneh? Mbok wis ndang rabi, selak tuwa lho”.
“Ajrih je, Lik, sinten sing purun kalih kula? Napa malih kula niki nggih dereng nate sir-siran”.
“Sing mbok wedeni kuwi apa, Mas? Kowe wis nyambut gawe mapan, omahmu wis bakuh, mbok saiki clingusmu kuwi diilangi. Ajar nyrawungi cah wedok. Aku tanggung Mas, nek akeh cah wadon sing gelem karo kowe”, kandane Lik Kirjo sing sipate mbombong.
Kerep digojlogi Lik Kirjo lan risi diundang kancane kanthi julukan jaka tuwa, Slamet dadi mikir rabi. Ning njur karo sapa? Gek piye carane nyedhaki bocah wadon? Wusana bareng olehe wis puteg tenan, banjur thukul gagasane Slamet. Niate arep pasrah wae karo Lik Kirjo, dikon nggolekake calon pisan. Pokoke angger cah ndesa, bocahe sing wangun, lan ora kakehan tuntutan.
“Ning ya kuwi, Mas Slamet, durung mesti yen kanggoku cocog, ning jebulane Mas Salmet ora seneng”.
“Lha, kula lak nggih kudu weruh bocahe dhisik, nek kula empun kandha cocog lan seneng..., lagi Lik Kirjo tumandang utawi ngrembag”.
“O...nek ngono ya becik. Dadi tugasku saiki madik-madik dhisik, mengko nek wis entuk titikan aku lagi lapur sliramu, ngono pa?”
“Ngaten nggih prayogi, Lik. Bab niki simbok nggih dereng kula criyosi”.
“Wow... nek mbokmu kuwi wis suwi kok, Mas, olehe rerasan pingin kowe ndang rabi”.
Sawise disambati Slamet, Lik Kirjo njur kelingan Marti anake Pak Pawiro ing Desa Slingo. Anake loro wadon kabeh, Darti lan Marti. Darti sing gedhe rada ora normal. Dene Marti lulus SMEA terus mandheg, merga ora duwe ragat nerusake kuliyah. Bocahe ireng manis, grapyak, semanak, pinter srawung, aktif ing kegiyatan desa.
Lik Kirjo lan Pak Pawiro wis tepung apik, merga omahe tangga desa. Gandheng karep sanja neng omahe Pak Pawiro, Lik Kirjo ngerti nek Marti isih legan. Pak Pawiro ya durung nampa rembug saka sapa-sapa. Mula Lik Kirjo banjur nembung marang Pak Pawiro.
“Kang Pawiro, upama... iki mung upama lho... saupama anakmu Marti dipek Slamet, kowe entuk ora, kang?”
“Nek aku, dhik Kirjo, ya entuk banget. Dhasar Slamet wis cekel gawe, bocahe kena disawang tur ketoke ora duwe lageyan sing neka-neka. Samono mau nek Si Marti gelem”, wangsulane Pak Pawiro kepenak.
Ora kaya bungahe Lik Kirjo, ateges jejibahan nggolekake bojo Slamet wis anak titik pandhang. Kari piye Slamet, seneng apa ora karo Marti. Nek seneng, njur Marti mengko gelem apa ora dirabi Slamet. Nek kabeh wis sarujuk tegese keri rembugane dimatengake.
Ora usah ditari sing kaping pindho, bareng ngerti Marti sing digathukake, Slamet gage saguh lan seneng banget atine. Nanging Slamet isih kepingin namatake kanthi mirunggan rupane Marti, lan kepingin krungu dhewe saka kupinge mungguh gelem lan orane dipek bojo.
Sidane, malem Minggu Lik Kirjo lan Slamet teka menyang omahe Pak Pawiro. Yen bocahe saguh karepe sisan nglamar. Uba rampene nglamar lan peningset dicepakake pisan.
Saya cedhak omahe Marti, atine Slamet nitir, antarane wedi lan isin. Bareng kabeh wis satata lungguh Lik Kirja mbukani rembug wigatine mertamu. Ing sajroning padha rembugan, korden lawang obah-obah, ora suwe kesusul jemedhule kenya ireng manis rambut dawa, sing nyangga baki isi wedang lan nyamikan, diseleh ing ngarepe sing padha jagongan, karo mesem pait madu. Pak Pawiro celathu:
“Kono nok, ngaturana sugeng rawuh marang Lik Kirjo lan Mas Slamet”.
Dhasar karo Lik Kirjo ya wis kenal apik, mula tembunge Marti grapyak:
“Sugeng Lik Kirjo!... Sugeng Mas..., sinten Pak asmane mase niki?” karo ngathungake tangan marang Slamet. Slamet sing clingus dadi salah tingkah. Nampani tangane Marti kanthi gemeter dheg-dhegan. Ewa semono eseme Marti sing aduhai ndayani atine Slamet dadi krasa tentrem.
Panyawange kedhep tesmak, njingglengi ora bosen-bosen. Sasat kabeh sing ana awake Marti, Slamet seneng. Luwih-luwih andheng-andheng sing ana bathuk ing tengah-tengahing alis, jian krasa manis banget. Slamet banjur kelingan bintang film India Pratnya Prabandari, sing tau ditonton nalika dijak kancane nonton layar tancep.
Bali saka nontoni, Slamet njur mothah karo Lik Kirjo, njaluk supaya age-age wae dirembug utawa diresmekake. Sing cetha Marti wis gelem dirabi Slamet. Dina sing wis ditemtokake, Lik Kirjo lan Slamet teka meneh ing omahe Marti. Mbrengkut gawan lain oleh-oleh. Ing sak klambi wis isi dhuwit, lan dompet isi ali-ali minangka tandha paningset.
Kaya sing ndhisik, sawise satata lungguh, Marti ngetokakke wedang lan nyamikan. Saiki Slamet wis wani nyawang lan ngajak ngguyu. Wosing rembug, Pak Pawiro nyaguhi, kapan lan dina apa anggone arep ningkahan. Pak Pawiro manut karo karepe Slamet.
Lagi padha penak-penake ngrahabi wedang lan nyamikan, dumadakan... bedhengus. Ana bocah rambute rewo-rewo metu, mripate jlalatan, saka cangkeme ilere kekotos. Bocah mau banjur lungguh srog njejeri Slamet karo kandha ora cetha:
“Mah... le dadi manten alo aku wae ya..., aku elem ok dadi ojomu. Owe lakya eneng to, mah alo aku...? Aku ya ayu ok... mah!” kandha ngono wanita mau karo ndhesel-ndhesel Slamet. Tangane grayahan nyekeli tangan lan dhengkule Slamet, ndadekake risi lan gila.
Pak Pawira gage ngadeg, tangane wanita mau dipengkang kareben uwal. Ewadene olehe ngrangkul Slamet saya kenceng karo bengok-bengok.
“Aja Pak, iki ojoku... ok, aku wae sing dadi anten... aku elem, sesuk Marti dijoli aku wae ya, Pak”.
“Yoh...yoh... sesuk kowe sing dadi manten, ning diculke dhisik, gilo Mas Slamet wedi”, kandhane Pak Pawiro karo nggeret tangane bocah mau.
Ewa semonosing digeretmalah banjur nyikep bangkekane Slamet, sing marahi saya jijik lan wedi. Kanthi ngetog kekuwatan Slamet mberot saka sikepane bocah wadon mau, tanpa pamit terus nggendring mlayu mulih kamigilan.
Let telung ndina saka kadaeyan iku, Lik Kirjo teka ing omahe Slamet terus lungguh ing lincak ngarepan, sing sok dienggo ngisis. Slamet weruh ning ethok- ethok ora ngerti lan njarag ora nemoni. Lik Kirjo ngerti yen Slamet cuwa, mula banjur mlebu tanpa kula nuwun.
“Mas... Mas Slamet, nesu pa kowe?”
Slamet banjur lungguh srog, njejeri Lik Kirjo karo kandha:
“Lik kula mboten sida rabi, rembuge dibatalke mawon. Kula niki wong waras lan bisa mikir, mosok kalih bapake Marti ajeng dientukake wong edan”.
Lik Kirjo ngguyu karo nata lungguhe.
“Mas Slamet, biyen aku rak wis tau kandha ta, nek anakke Pak Pawiro mono loro Darti lan Marti. Marti ya sing arep sampeyan pek bojo kuwi, dene Darti mbakyune, pancen bocah ora normal. Kerep digawa menyang rumah sakit jiwa.Mergane nek pas kumat medeni, malah sok gelem ngamuk, ya kaya dhek pas aku karo sampeyan mara peningsetan kae. Embuh sapa sing ngandhani yen adhine arep di pek uwong. Mula dheweke mjur stress berat lan njaluk didadekake manten. Ngerti calon mantene lanang sampeyan, mula njur sampeyan diuleng-uleng kae”, kandhane Lik Kirjo nerangke.
Lagi wae Lik Kirjo meneng, saka kadohan katon teka Pak Pawiro ditutke Marti. Atine Slamet dadi mak nyes... ayem. Karo mapan lungguh Pak Pawiro cluluk.
“Pangapunten mawon nak Slamet, nggih ngaten nika nek anak kula Darti kumat. Sakniki empun kula terke teng rumah sakit jiwa malih. Tembung kula nika namung kangge nyapih lho, nak Slamet, mboten estu. Napa enggih manten kok di ijoli”.
“Kula inggih emoh kok, Pak, nek diidoli, trima mboten sida rabi, idhep-idhep ngilangke peningset” kandhane Slamet.
“Ha nek kalih mburi kula niki pripun, nak?” pitakone Pak Pawiro karo noleh Marti. Marti sing ana mburine bapakne mung uwat-uwet dolanan pucuking klambi karo nyawang Slamet, kanthi mbalang esem manis.
Merga saking notol lan senenge atine, Slamet sing clingus iku gage nylingker neng mburine Pak Pawiro, ngrangkul Marti kenceng karo kandha:
“Nggih Marti sing pindha Pratnya Prabandari niki, Pak, sing tansah kula impi-impi, dados sisihan kula. Pokoke... kula emoh... yen diijoli”.

NB : Analisis-ipun pundi?

1 komentar:

  1. If you're looking to lose fat then you certainly have to jump on this totally brand new custom keto diet.

    To produce this keto diet, certified nutritionists, fitness trainers, and professional cooks have joined together to develop keto meal plans that are efficient, painless, economically-efficient, and delightful.

    From their first launch in early 2019, 1000's of people have already completely transformed their body and health with the benefits a proper keto diet can provide.

    Speaking of benefits: clicking this link, you'll discover eight scientifically-tested ones offered by the keto diet.

    BalasHapus