Kamis, 31 Oktober 2013

Andong lan Laler Cilik


 Cerkak
                                    
Jaman mbiyen ana andong nggawa momotan jambu kluthuk lagi mlaku saka
Selarong arep menyang Pasar Bantul. Jaman iku dalane isih
gronjal-gronjal digawe saka watu durung ana aspal. Nalika andong lagi
liwat dalan sing kebak wedi, ana laler cilik mencok ning nduwure
andong. Bareng karo mencoke laler, lakune andong malik rindik. Ora
amarga kabotan laler, nanging amarga rodane kepater dening wedi sing
mbleder ning ndalan.

Nanging rindike andong tumrap laler dianggep amarga kapencokan deweke.
“Wah andong iki dadi mlakune alon-alon, mesti merga jarane kabotan
awakku” pikire si laler kanthi ati bungah rumangsa paling abot sak
donya.
“Sapa sing iso nandingi abote awakku, ora ana kewan liya sing luwih
abot timbang aku!”.

Sakwise sakwetara mencok ning andong, laler banjur jeleh terus mabur
meneh. Nalika Laler mabur, andonge pas liwat dalan sing ora ana
wedine. Dadi lakune andong malik cepet maneh. Si Laler kang gegeden
rumongso tambah yakin menawa deweke abot tenan. “Weladalah, tak
tinggal sedilit wae, andonge langsung biso mlaku banter. Wah, nek
ngono aku iki abot temenan ya!” celatune si laler.

Laler banjur mikir, manawa deweke mencok ning andong karo ngobahke
sewiwine mestine si andong bakal mlaku luwih banter amarga kasurung
dening obahe sewiwi. Laler trus nyoba mencok maneh ning andong karo
ngobahke sewiwi. Dumadakan andong malik mlayu banter banget
ngedap-edapi. Laler kaget banget ngantek awake kontal saka andong.
Untunge deweke iso mabur sakdurunge tiba ning lemah.



Sajatine andong mau iso mlayu banter banget amarga dalane ndronjong,
Dadi lumrah menawa mlakune luwih banter wong diewangi gravitasi bumi.
Nanging lelakon itu agawe Laler dadi tambah ge-er. Trus
mbengok-mbengok marang jarane andong.. ‘Sorry, sorry Kang Jaran, aku
salah ngukur kekuatanku. Anggonku ngobahke sewiwi sajake kebanteren,
dadi andongmu mlakune banter banget. Sorry ya, sesuk maneh anggonku
ngobahke sewiwi rindik wae”. celatune Laler kanthi ati mongkok (Undil
Okt 09).

bacaan:
Tjrita Pantja Warna oleh S. Har, Penerbit PT. Jaker Jogjakarta


tags: blog bahasa jawa, cerkak, cerita cekak, cerita pendek bahasa
jawa, cerkak anak
Diposting oleh undil10/18/2009 08:01:00

Ngoceki Cerkak
(analisis cerkak)

Judul cerkak    : Andong Lan Laler Cilik
Pengarang               : S.Har
Sumber  : Tjrita Pantja Warna oleh S. Har, Penerbit PT. Jaker Jogjakarta

A.analisa
1.Tema          :  Kewan Kang Seneng Nudoh&Mentel

2. Paraga:Watak :   Laler.      Watak  :
-mentel                 : nalika laler mbengok-mbengok marang jarane andong..
‘Sorry, sorry Kang Jaran, aku salah ngukur kekuatanku. Anggonku
ngobahke sewiwi sajake kebanteren, dadi andongmu mlakune banter
banget. Sorry ya, sesuk maneh anggonku ngobahke sewiwi rindik wae”
-seneng nudoh    : nalika laler miker “Wah andong iki dadi mlakune
alon-alon, mesti merga jarane kabotan awakku”.  pikire si laler kanthi
ati bungah rumangsa paling abot sak donya & ngomong Weladalah, tak
tinggal sedilit wae, andonge langsung biso mlaku banter. Wah, nek
ngono aku iki abot temenan ya!”

3.Setting               :  -Papan       : Dalan Tumuju Pasar
                           -Wektu       : Nalika Andong Arep Ning Pasar
                                   -Suasana     :
-mbingungake    : nalika laler mikir awake laler iku sek paling abot sak donya
-nyedihake              : nalika laler tiba saka jarane dokar sek lakune dadi cepet
-nyenengake     : nalika laler bangga bisa nggawe cepet lakune jaran
4.Alur                  : Maju

5.Sudut Pandang : Laler kang usil lan seneng seneng nganggep yen
marang liyane lan awake dewe

6.Amanat                :  - Aja Pada seneng nudoh yen awake dewe iki
                           Paling apik,elek,pinter,bodho…… lan sak jenise
   -Aja seneng nudoh liyane sek ora bener
-Aja mikir sing aneh-aneh sing gawe bingung lan ora mlebu akal


Nama    : Muhammad Zahwan Rafiadzkay
No.Abs  : 18
Kelas   : 7a
Sekolah : SMP N 1 Wonosobo

Crita Cekak


Nama                        : Yohanes Suroto Dwi Pamungkas
No. Presensi             : 32
Kelas                        : VII H


 
Akibate Ora Nggarap Tugas

            Ing dina Selasa kelas VII G SMP 1 Kaliwiro kagungan pelajaran Basa Jawa. Guru Basa Jawane yaiku Bu Rika. Wektu kuwi Bu Rika ora bisa mulang amarga badhe tindak rapat. Banjur Bu Rika maringi tugas didhawuhi ndamel cerkak. Tugas kuwi digarap nganggo cara kelompok. Ngendikane Bu Rika anggota kelompoke terserah nanging jumlahe 5.
            Kelompok 1 yaiku: Vivi, Fika, Lisa, Tika, lan Eli. “Lah iki prige? angel tugase“
Kandane Tika. “Apa ora usah digarap? Paling Bu Rika lagi tindak rapat, mending njajan maring kantin” jawab Eli. Vivi, Fika, Lisa, lan Tika pada setuju.
            Sawise sejam, Bu Rika wis rampung rapat banjur mlampah dhateng SMP. Nalika wis tekan SMP, Bu Rika ngelak banjur dhateng kantin. Ing kantin Bu Rika kepanggih kalian Vivi, Fika, Lisa, Tika, lan Eli. “Lo, kok palah padha njajan?” kandane Bu Rika. “Niku bu” jawab Vivi, Fika, Lisa, Tika, lan Eli. “Niku nopo?” jawab Bu Rika. Banjur Vivi, Fika, Lisa, Tika, Lan Eli ora bisa njawab, teras didukani Bu Rika amargi mboten nggarap tugas.