Kamis, 24 Oktober 2013

CERKAK LAN ANALISIS-E


 TUGAS ANALISIS CERKAK :

 Nama anggota : Gita Wahyuning S (14), Marriysa Puteri N (17), Mutiarani Qotrun N (22)

 Rania Salma K (27)  Kelas : VII H


I. JUDUL CERKAK :  SEPISAN LAN PUNGKASAN

Wektu kuwi aku lagi muggah kelas 7. Nalika mlebu kelas, ana murid anyaran lanang

sing teka saka papan adoh. Nanging murid anyar kuwi ora biyasa. Dheweke duwe

cacat awak. Sikile sengkleh siji sing tengen, awake gering, lan rambute rada arang,

nyaris gundul. Pokoke mesakake banget perawakane.

Ing dina sepisan muggah kelas kuwi, Bu Guru ndawuhi saben murid kanggo

ngenalkake awake dhewe-dhewe ing ngarep kelas.. saiki gilirane cah anyaran lanang

mau ngenalkake awake. Dheweke digeguyu kanca-kanca liyane, kelas dadi rame,

bocah-bocah padha cekakakan. Bu Puji, wali kelasku ndawuhi murid-murid meneng.

Nanging yo dasare bocah tetep ora bisa meneng, bocah-bocah ngempet ngguyu nganti

rupane abang. Maksude kareben ora diseneni Bu Guru.

Mlakune cah anyaran mau nagnti keseret-seret. Wektu dheweke ngadek sikile

gemeter. Ing ngarep kelas, banjur dheweke ngenalke awake.

” Je . . jeneng . . jenengku . . Tom . . Tomo ” jarene gagap. ” A . . aku . . sa . . saka . .

ess . . SLB Harapan 1 .”

Kanca-kanca sing awit mau ngempet ngguyu, dadi ribut. Sanajan mengkono anggone

Tomo ngomong tetep diteruske. Ana rasa mesakake sumelip ing atiku.

Tomo mesti mangkat paling gasik ning sekolah. Sesuk esuk, pas Tomo lagi mlaku

karo nggawa buku saktumpuk, sikile disandung karo kancaku sing gaweane ngenyek

Tomo. Dheweke tiba, bukune morak-marik ning jubin. Atiku trataban weruh kedadean

kuwi. Ora ana sij-sijia kancaku sing arep nulungi Tomo. Malah padha nggeguyu, ana

sing mung ndeloki kanthi rasa jijik. Aku langsung ngadek, aku arep nulungi Tomo

karo mberesi buku-bukune Tomo sing morak-marik mau. Tomo banjur ngucapkake

maturnuwun karo aku, tangane isih ngebut-ngebutke klambine sing reged.

Ing sekolah, Tomo ora nduwe kanca. Kanca-kanca sing lanang malah pada ngenyeki

awake Tomo. Ana sing ngenyek nganggo omongan lan ana sing ngenyek karo niru-
niru solah bawane Tomo. Nalika kanca-kanca sing wedhok ora gelem cedhak-cedhak

karo Tomo. Amarga perawakane Tomo sing cacat mau. Wiwit prastawa pas aku

nulungi Tomo, dheweke dadi seneng nyedhaki aku. Tomo wis nganggep aku dadi

kancane. Aku yo narima wae, kanggo aku kabeh kuwi kancaku. Aku ora mbeda-
bedakake kanca. Nanging aku ora cedhak-cedhak banget karo Tomo, mung kanca

biyasa. Soale aku nduwe kanca kenthel dhewe. Aku ora ngerti nek Tomo nganggep

aku dudu kanca biyasa.

Nganti ing sawijining dina, pas aku lan kanca-kanca kenthelku lagi padha ngumpul,

Tomo teka banjur srawung marang aku lan kanca-kanca. Pas aku lan kanca-kanca

jajan, yo ditutke karo Tomo. Pokoke ning endi-endi aku lan kanca-kancaku ditutke.

Wis ngrasa rak kepenak, aku ngusir Tomo nanging carane alus. Tomo malah saya

nyedhaki aku, aku sing lagi sensitif dadi mbentak Tomo. Karo kaget, Tomo mlayu

mboh ning endi.

Udakara patang wulan sakbanjure kuwi, Tomo wis seminggu ora mlebu sekolah. Aku

dadi goreh. Pikiranku ngentha-entha ngapa Tomo ora mlebu sekolah nganti seminggu

lan ora ana kabar ngenani Tomo.

Bali sekolah, aku sakanca sekelas nggoleki omahe Tomo kanggo mastikake kabare

Tomo. Aku lan kanca-kanca njaluk alamat omahe Tomo marang Bu Guru.

Aku lan kanca-kanca mlaku muter-muter nggoleki alamat omahe Tomo. Nganti tekan

ing perumahan gedhe. Omah-omahe megah kaya gedung. Banjur dhewe tekan ing

ngarep omah sing ora kalah gedhene karo tanggane. Aku ndodog lawang omahe sing

gedhe dhuwur saka kayu jati. Ora let suwe, saka njero, ibuke Tomo mbukake lawang.

Ibune nduwe paras sing ayu, nanging mripatne kethok bengkak kaya bar nangis. Ibune

Tomo manggakake dhewe mlebu. Aku sakanca-kanca isih mlengo ndhelok omahe

Tomo sing megahe kaya gedung.

Ibune Tomo wis ngerti tekane dhewe arep nakoni Tomo. Karo ngomong mripate

mbrambang. Ibune crita nalika wiwit cilik Tomo duwe penyakit sing serius. Wis

pirang-pirang kali Tomo nglakoni terapi, karo ngombe obat-obatan saka dokter utawa

obat-obatan tradisional kayata jamu. Ibune Tomo nalika crita mandheg sedela, mripate

nerawang ing langit-langit omah.

” Wiwit cilik, Tomo ora nduwe kanca. Biyasane wong-wong padha ora gelem cedhak-
cedhak Tomo amarga perawakane sing cacat. Sanajan mengkno, Tomo ora tau isin

utawa ngeluh karo keadaane. Dheweke pengen banget mlebu sekolah umum kanggo

nggolek kanca. Sadurunge Tomo sekolah ning SLB. Tomo wis ditinggal Bapake

wiwit umur 6 taun, gara-gara bapak nduwe penyakit sing padha karo Tomo. ” critane

Ibune Tomo, Bu Neli.

”Lha Bu, saiki Tomo ting pundi? ” pitakonku nyela critane Bu Neli. Aku wis ora

sabar, atiku wis dagdigdug ora karuan. Pikiranku wis ning endi-endi.

Bu Neli malah nunduk, ” Tomo wis nyusul Bapake.” wangsulane Bu Neli. Kanthi rasa

ora percaya, aku lan kanca-kanca liyane nangis ing kono. Aku wis ora bisa ngmong

apa-apa. Dadi Tomo wis meninggal ? Ngopo cepet banget ? Aku durung sempet

njaluk ngapura marang Tomo.

Teka-teka Bu Neli takon, ”Iki ndak Dek Olin?” Aku manthuk alon. Banjur Bu Neli

maringi lipetan kertas saka kantonge. Aku ndredeg.

” Sadurunge lunga, Tomo pesen karo Ibu kareben surat iki diaturake Olin. Tomo

pengen ngucapake maturnuwun amarga Dek Olin gelem dadi kancane Tomo. Dek

Olin pancen kanca sepisan lan pungkasane Tomo.”

Aku mbuka lipetan kertas mau. Atiku trenyuh, aku nangis sesenggrukan maneh ing

kono. Nyatane Tomo isih nganggep aku kancane, malah sahabate.

” Mo, aku njaluk ngapura yo .. .”

*****
 II. ANALISIS CERKAK :

1. Tema : Kekancan

2. Tokoh : Tomo, aku (Olin), Bu Neli, Bu Puji, kanca-kanca kelas 7

3. Latar : Sekolah lan omahe Tomo

4. Watak : Tomo → menengan, apikan

   Olin→apikan, seneng tetulung, peduli karo wong liya

   Bu Neli→sayang karo anake, apikan

   Bu Puji→peduli marang murid-muride

   Kanca-kanca kelas 7→usil, seneng mbeda kancane

5. Alur : Maju

6. Amanat : Aja seneng mbedak-mbedake kanca lan aja seneng moyoki kancane 
   
                dhewe amarga kuwi bisa gawe kancane dhewe lara ati.

5 komentar:

  1. Strange "water hack" burns 2 lbs overnight

    Over 160,000 men and women are hacking their diet with a simple and SECRET "liquid hack" to burn 2 lbs each night as they sleep.

    It is proven and works all the time.

    Here's how you can do it yourself:

    1) Go get a glass and fill it up with water half glass

    2) Now use this crazy HACK

    and become 2 lbs thinner the next day!

    BalasHapus
  2. Do this hack to drop 2 lbs of fat in 8 hours

    Well over 160k women and men are trying a easy and SECRET "liquid hack" to drop 1-2lbs each and every night in their sleep.

    It is effective and it works with anybody.

    Here's how to do it yourself:

    1) Go get a clear glass and fill it half glass

    2) And now do this weight loss hack

    you'll become 1-2lbs thinner when you wake up!

    BalasHapus
  3. As reported by Stanford Medical, It is really the SINGLE reason this country's women live 10 years longer and weigh 19 kilos lighter than we do.

    (And actually, it is not about genetics or some secret diet and EVERYTHING to do with "HOW" they are eating.)

    P.S, What I said is "HOW", and not "WHAT"...

    TAP this link to discover if this brief questionnaire can help you discover your real weight loss possibilities

    BalasHapus
  4. Casino Finder (Mapyro) - Realtime Gambling, Maps & Phone
    Get 수원 출장마사지 directions, reviews 의정부 출장안마 and information for 구리 출장샵 Casino 광주광역 출장안마 Finder (Mapyro) 남양주 출장샵 in New Orleans, LA.

    BalasHapus