Kamis, 24 Oktober 2013

CERKAK : KEKANCAN


TUGAS BAHASA JAWA

ANALISIS CERKAK 

Nama : Anisa Febriyana (04), Novinda Dyas Endrawari (25), Kelas : VII H

I. Cerkak 
    Judul : KEKANCAN


“Rachel!! Cepet tangi, mengko kowe telat mlebu sekolah lo!!!” dhawuhe Bu Wahyu  
karo mangkel-mangkel.

“Iya,iya aku tak tangi wes”

Rachel iku anak tunggal saka Pak Ferdi lan Bu Wahyu. Jeneng lengkape yaiku Rachel Andini Diandra.

Rachel ndelok jam dinding “hah??? Wis jam 6”. Banjur Rachel midun saka dipan lan langsung mlayu menyang kamar mandi. Sauwise adus Rachel midun nang lantai ngisor kanggo sarapan.

“Bu, kok Ibu nggugah aku kawanen sih ???” takone Rachel karo mangkel

“Ibu njaluk ngapura yo nduk, soale ibu mau keturon, yowes ayo dimaem maneh, mengko telat lho!!!”. Jawabe Bu Wahyu nganggo suara sek lembut.

“Yo buk”.

Dina iki Rachel sarapan karo Sega Goreng lan Susu Coklat anget. Rachel ma’em cepet banget, amarga Rachel wedi minangka telat tekan sekolah. Rachel mangkat diterake Pak Didi utawa supir pribadine keluargane Rachel. Pas Rachel wis tekan sekolah, Rachel telat 10 menit. Pintu Gerbang sekolah wis

ditutup. Banjur Rachel njaluk tolong karo Pak Dani (Satpam Sekolah) supaya Rachel bisa mlebu, akhire sauwise memohon Rachel diizinake Pak Dani mlebu.

“Matur nuwun nggeh pak!”

“Nggeh, sami-sami” jawab Pak Dani

Pas Rachel mlebu kelas

“Assalamualaikum”

“Waalaikum Salam”jawab Bu Tiara (guru Basa Jawa)

Rachel klalen menawa saiki pelajarane Bu Tiara, masalahe Bu Tiara terkenal kalo kegalakane.

“Ng…Ngapunten bu, kula telat”

“Oh, Rachel. Ngapa kowe ketelat?” Pitakone Bu Tiara

“Ngapunten bu wau kula kawanen angsale tangi” jawab Rachel

Pas Rachel mlaku menyang mejane, Bu Tiara ngundang Racel

“Rachel! Kowe aja lungguh ndeset” tegur Bu Tiara nganggo suara lantang

“Nggeh bu” jawab Rachel

“Kowe ngadek ndeset nang kana, nganti pelajaranku rampung!”

“Nggeh bu” jawab Rachel

Rachel ngadek nganti 2 jam pelajaran. Rachel diece karo kanca-kanca sekelase kabeh, kecuali Naura. Naura yaiku kanca sek paling cepak karo Rachel, mula Naura ora ngece Rachel. Kriingg…kring…kringg…

Bel muni tanda awite wektu istirahat, bocah-bocah pada mlayu-mlayu metu kelas. Tiba-tiba Naura ngundang Rachel kanggo ngajak menyang kantin. 

“Chel, ayo mentang kantin!!” Naura nyedaki Rachel

“Ayo Ra!” jawabe Rachel singkat

Pas wis tekan kantin, bocah loro njagong nang mena no.8. Banjur Naura ngundang

pelayan sek nyateti menu.

“Kowe arep pesen opo Chel?” pitakone Naura

“Hmm… aku jus jambu karo bakso” jawab Rachel

“Okee mbak,, aku pesen jus jambu 2 karo bakso 2”

Tiba-tiba Naura nakoni Rachel

“Eh Chel, kowe ngapa si kok mau telat ?” Takone Naura

“Oh Ra, aku mau tangine keawanen” jawab Rachel

Tiba-tiba Riska lan Siska teka menyang mejane Rachel lan Naura

“Eh Ra, kowe ngapa si sesrawungan karo wong males ?” pitakone Siska sombong

“Mberoh kui, menawa aku mono isin sesrawungan karo Rachel!” Jare Riska

“Eh Riska, Siska aku ora isin kok kekancan karo Rachel, sebab Rachel kui bocahe apikan, jujur. Malahan aku isin kekancan karo deke. Deke cah loro kui tukang ngapusi!!” jawab Naura lantang

“Oke, kui si saksake deke” jare Siska

“Yowes ngapa kowe sek repot ?” jawab Naura nganggo nada sebel

Banjur bocah loro sek sombong mau lunga.

“Cah loro kae mencen nyebelake banget, kowe sek sabar wae yo Chel!” jare Naura

“Matur nuwun yo Ra, kowe wis mbelani aku” jawab Rachel

“Iya, pada-pada, ikulah gunane kekancan”

Bocah loro ngguyu banjur tos. Panganane kang dienteni akhire teka. Sakwise

Rachel lan Naura ngentekake panganan lan mbayar. Bel muni…

Kriiinnggg…..kriiinnggg….kriiinnnggg….

Bel muni tanda wektu istirahat wis entek. Bocah loro mau mlebu kelas lan lungguh ing bangune masing-masing.

II. HASIL ANALISIS CERKAK

A.IDENTITAS CERKAK

v Judul : Kekancan

v Pengarang : Husna Aulia

B.ANALISIS CERKAK

1. Tema : Kekancan lan Setia Kanca

2. Tokoh :  

a. Rachel

b. Bu Wahyu

c. Pak Didi

d. Pak Dani

e. Bu Tiara

f. Naura

g. Riska

h. Siska

3. Latar

a. Waktu : Esuk, Awan.

b. Tempat : Kamar Rachel, Meja makan, Pintu gerbang sekolah,

Kelas, Kantin

4. Watak Tokoh

a. Rachel : Protagonis, jujur, apikan

b. Bu Wahyu : Protagonis

c. Pak Didi : Protagonis

d. Pak Dani : Protagonis, senang ngapurang wong liya

e. Bu Tiara : Antagonis, galak, senenge ngukum murid-murid sek

ora patuh

f. Naura : Protagonis, apikan, setia kanca, mbelani sek bener

g. Riska : Antagonis, sombong, seneng ngenyeki kancane

h. Siska : Antagonis, angkuh, seneng ngenyeki kancane

5. Alur : Maju

6. Sudut Pandang: Pengarang nyeritakake wong liya

7. Amanat :

• Menawa tangi aja kawanen, amarga bisa dihukum karo Bu/Pak guru

• Sepada-pada manungsa aja pada nyek-nyekan

• Utawa duwe kanca kudu milah-milih sek jujur lan apikan

• Menawa kekancan iku kudu setia marang kancane

3 komentar:

  1. cek kumpulan cerkak bahasa jawa
    www.kumpulan-cerkak.blogspot.co.id

    BalasHapus
  2. Did you realize there is a 12 word sentence you can say to your crush... that will induce deep feelings of love and instinctual appeal for you buried within his heart?

    That's because deep inside these 12 words is a "secret signal" that triggers a man's instinct to love, cherish and look after you with all his heart...

    12 Words Will Fuel A Man's Love Response

    This instinct is so hardwired into a man's mind that it will make him try harder than before to make your relationship the best part of both of your lives.

    Matter of fact, fueling this dominant instinct is absolutely mandatory to having the best ever relationship with your man that once you send your man a "Secret Signal"...

    ...You will instantly notice him open his soul and mind for you in a way he never experienced before and he'll see you as the only woman in the universe who has ever truly attracted him.

    BalasHapus
  3. Do this hack to drop 2 lbs of fat in 8 hours

    More than 160k men and women are trying a easy and secret "liquid hack" to drop 1-2lbs every night in their sleep.

    It's painless and it works on anybody.

    This is how to do it yourself:

    1) Get a glass and fill it up half the way

    2) And now do this amazing HACK

    and become 1-2lbs skinnier in the morning!

    BalasHapus